Jumat, 20 Mei 2011

Lungiting Asmara

Seprene nggonku ngenteni janji, iku prasetyaning ati.
Kadung tresna mring sliramu duh cah bagus, ora eling dina lan wektu.

          Ning ati katon ora bisa ilang, saya suwe saya ora karuwan.
          Senadyan mung tansah anggadang, aku samar yen sliramu ora kelingan.

                    Wong bagus tak anti-anti aja pijer semaya wae, aku tresna karo kowe.
                    Tegane atimu saya gawe lara, iku ora prayoga.

          Aku ora bakal mundur, aku ora bakal mlayu, yen durung nyanding sliramu.
          Ukuraning tresna dudu banda, nanging lungiting asmara.

Tidak ada komentar: